Selasa, 24 November 2009

MACAPAT MALANGAN

Tembang Macapat Malangan
Tembang macapat malangan yaiku tembang macapat sing nduweni cengkok, lafal pangucapan malangan. Ing saben wilayah, laladan, nduweni cengkok dhewe-dhewe, umpamane ana cengkok Metaraman, Semarangan, Majapaitan, Gresikan, Tengger, lan Malangan. Nanging aja kliru, ora kabeh tembang macapat kang ana ing Malang dadi malangan. Pathokan utawa wewaton kanggo mbedakna yaiku cengkok. Ing endi bae ditembangna, angger cengkok lan lafal pangucapan tembunge dikenali saka Malang, tembang iku tembang macapat malangan.
Tembang macapat malangan iku urip ngrembaka ing lingkungan alam padhusunan, lair minangka kesenian rakyat kang sifate lugu, sakepenake lan apa anane. Tembang macapat malangan iki uga nduweni sifat kemraket, cedhak banget karo masyarakate lan banget komunikatif-e. Gunane macapat malangan iku kanggo wungon, jagong bayi, lsp. Ing kono macapat malangan kena kanggo mbabar kawruh, tuntunan, ngleluri adat-istiadat, lan panguri-uri marang basa lan sastra Jawa.
Paugeran lan titikan ing macapat malangan yaiku :
(a) Tata aturan umume padha, yaiku guru gatra, yaiku cacahing gatra/baris ing saben pada. Guru wilangan cacahing wanda ing saben gatra, lan guru lagu/swara yaiku dhong-dhinge swara ing saben pungkasan gatra.
guru lagu lan guru wilangan tembang macapat malangan iku kudu diteliti sing bener. Sebab kadhang-kadhang guru wilangane ditambah lan disuda, malah ana gatra kang ditambahi senggakan, umpamane aauu, auan, ii.., lsp. Mengkono uga guru lagune sok uga banjur ora padha karo tata paugeran tembang macapat sing wis kaprah.
Sing wigati, sadurunge nyinau guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu macapat malangan kudu wis diweruhi aturan pokok tembang macapat. Supaya bisa diweruhi aturan bakune, lan endi aturan kang nyebal.
(b)nduweni cengkok kang cetha banget bedane. Bab iki kedayan saka lingkungan sosial budaya masyarakate.
(c) lafal pangucape tembung kang nuduhna dialek khas basa malangan kang umume meh padha karo basa surabayan. Umpamane bae pangucapan wurung dadi [wUrUng], grimis diucapna [grImIs]lsp.
Tembang iku kedadeyan saka rong bageyan gedhe, yaiku rasaning basa (sastra) lan rasaning swara (lagu). Endahe swara utawa lagu iku winengku dening titi laras lan gumantung marang luk, gregel, lan cengkok.
Undha usuking swara –luk, gregel, cengkok- mau ora kaiket ing paugeran, gumantung marang sing nembangna.
Gregel yaiku enggak-enggoking swara kang wektune sedhela
Luk yaiku enggak-enggoking swara kang wektune rada dawa
Cengkok iku lak-luking swara kanggo nglagokna tembang manut rasa pangrasane sing nembang

1. Tembang Kinanthi Laras Slendro Pathet Manyura
. . .
5 6 6 6 6 1 2 2
Pa- dha gu- lang- en ing kal- bu
. . . . .
2 2 1 1 6 6 1 5 6
Ing sas- mi- ta am- rih lan- tip
. . . . . .
5 6 1 1 1 1 1 6 1
A- ja pi- jer ma- ngan nen- dra

5 5 5 5 5 2 3 2 1
Ka- pra- wi- ran den ka- es- thi

1 2 3 5 5 5 5 5
Pe- su- nen sa- ri- ra ni- ra

3 2 2 2 2 3 2 3 5
Ce-gah- en dha- har lan gu- ling


Dadya laku nira iku,
Cegah dhahar lawan guling,
Lan aja asuka-suka
Anganggoa sawetawis
Ala wateke wong suka,
Nyuda prayitnaning batin


2. Kinanthi Malangan Laras Slendro
. . . . . .
6 6 6 6 2 3 21 12
Ki- dul men- dhung nga- lor men- dhung
. . . .
1 2 3 65 5 6 6 1 6 53
U- dan so- re ri- mis- ri- mis
. . . . .
6 12 12 6 5 16 5 5
Banjir ke- lem ing ndha- ra- tan

5 5 56 6 2 2 12 16
.
A- rep nya- brang wot- e ken- tir

3 5 5 5 6 3 532 2
Sa- pa bi- sa nya- brang- e- na
.
3 5 5 5 6 6 16 53
Da- di tim- bang- an wak- ma- mi

Rikala ing wanci dalu
Kula sare ngipi-ngipi
Impen kula yen ngendahna
Guling siji den karoni
Mulat nganan ngiri nana
Sumedhot rasane ati

Aja Ketinggalan Jaman

aku begitu ketakutan
ketika hujan gerimis mulai turun
sementara anak-anak begitu terpikat
rinai hujan tanah yang mulai basah
mendekap anganku
agar segera menuju arahmu
kesentuh lembut
dan aku berteriak keras,
aku bisa!!
hingga film "kiamat" itu terhenti
hujan pun reda
benar kata eyang.. aja ketinggalan jaman.