Geguritane Davit Harijono
Gurit Muneg-muneg
aku krasa neg
weteng wadhuk kaya bendungan
arep mutah lahar anyep
krungu tembung manuhara
dadi basa samudana
nglaras sindhen lan gerongan
dadi panyindhir butarepan
aku mengkirig ing pojok lampu peteng prapatan
kinancan laron sepi
nglalu rinubung semut abang
awit saben jagongan mung ana rerasan
saben kedhepan netramu
mung laku saru ing walik slambu
wudharana sisan tapihmu
salina nganggo sarung kerdhus
sing wis dicacah tikus
aja mbrebegi kupingku
gelis menenga
aku risih ngrungu pangrerintih dhuhkita
kang nggembol sewu duraka ing poncot sengit
atimu !
21desember2010
Dina Ibu
dina ibu iku nalika para ibu mlumah ngathang-athang sadhuwure dhipan
lathine nggeget rasa kangen kapang atine wening kebak pangarep-arep
mripate tan gamang weweh asih tumetesing getih lan keteg panguripan
panas perih gatel lan sedhih wis rinucat bareng cumlorote wahyu wisesa
pingget gela cuwa nelangsa wis binungkus rapet dening rasa panrima
awit kumotose kringet lan semburate rah hawa jahat parangmuka kasil
tinepis tapis dening esem kanugrahan nalika jabang bayi lair cenger
miyak padhange hawa
dina ibu iku nalika kabeh putra pertiwi sumuyud nyawiji
eling marang purwaning dumadi
21des2010
Tidak ada komentar:
Posting Komentar