Sekolahanku
Alif
Yusroni/ IX-C
SMPN 1 Gondanglegi
Sekolahanku sing endah temenan
Panggonane ing pinggir dalan
Lan ing ngarepe pondok’an
Sekolahanku
sing endah temenan
Ing
ngarepan katon bangunan
Ing
buritan katon wit-witan
Adiwiyata
dadi tujuan
Sekolahanku sing nomer siji
Wujude ono ing Gondang legi
ALAS
KOBONG
Diah
Ayu K./
IX-C
SMPN 1 Gondanglegi
Kobong .. Kobong .. Alasku Kobong
Panase para prajurit narpati brama
Agawe wit-witan lan kewan-kewan
keplayon-playon
Jerit-jerit nuwun pitulung
manungsa
Alas
mung dadi suwung
Awang-awang
mung dadi peteng kemebul
Nutupi
cahyane aji bagaskara
Alasku mesakake banget nasibmu
Amarga salah tindak e manungsa
Sliramu dadi korban murkaning
brama
Ilange
kelestarianmu
Agawe
mala petaka dumatheng jagad iki
Musibah,
bencana marang manungsa
Ayo bala kanca padha nglestarikno
alam jagad iki
Supaya generasi penerus kita
Bisa nyawang kaendahan jagad iki
KUPU-KUPU
Rizqi
Amalia IX-C
SMPN 1 Gondanglegi
Kupu-kupu ananta swiwimu kang
endah
Nggawe sopo wae kepincut nalika
ndeleng kaendahanmu
Miber rono-rene ing udyana
Ing antarane sekar-sekar sira gaek
sari madu
Kupu-kupu
kowe tansah nggae trenyuh ati iki
Yen
uripmu ing jagad iki ora suwe
Mung
seminggu aku bisa nyawang kaendahanmu
Sadurunge
kowe sirna saka jagad raya iki
REMBULAN
Virda
Erli A. IX-C
SMPN 1 Gondanglegi
Rembulan ing wayah wengi sumunar
Sumunar kale lintang-lintang ing
dirgantara
Saben wengi nyinari wit-witan lan satwa-satwa
Nanging yen mendhung ketutupan
kale awan
Saben
isuk diganti karo bagaskara
Aku
pingin bisa ndulu terus
Tapi
niku mboten saged
Amerga
entene wayah wengi
Saben wengi aku ndulu ing panti
Ndulu sumunar abyor kang terang
Matur nuwun gusti
Pun nyipta aken rembulan kang
endah
SEKOLAH ADIWIYATA
Lailatul Iza IX-C
SMPN 1 Gondanglegi
Ing wetan bagaskara
Sumunare wis cahya
Nyawang kaendahan sekolahku
Nggawe athiku kasemsem
Godong
ijo katon royo – royo
Kupu
– kupu miber ing angkasa
Kaya
kreta kencana baris ing dirgantara
Sawangen
katon endah banget
Resek sing ora wiguna
Wis disulap dadi rabuk kompos
Digawe daur ulang kang wiguna
Adiwiyata sekolahku
Njaga kelestarian alam
Njaga kelestarian lingkungan
Tidak ada komentar:
Posting Komentar